Page 3 - Cerkak Pak Agung
P. 3

Criia Cekak



                                    saka  kaca  24





                Ian seda kacilakan rikala tugas penyu-


                Juhan ing desa-desa pagunungan.

                Montore  kajegur jurang.  Ana dene

                Wulandadari kuwi mahasiswi Universi-


                tas Mpu  Tantular kang nunggak dhuwit

                kuliyah saengga ora bisa melu ujian


                semesteran. Mula dheweké kapeksa

                nyuwun tulung Pak Agung murih

                kuliyahe bisa rampung.


                       Kanggo kuwi Pak Agung gageyan

                ngajak         Wulandadari menyang kampus.


                Nanggung wragad kuliyah nganti sak-

                rampunge sarta  nglunasi tunggakan

                uang kuliyahe. Iya  wektu bali saka


                kampus mau, ing tikungan simpang

                 kampus, mobil-sedhane  Pak Agung


                 ditabrak truk tronton kang nylonong

                 tanpa nggatekake lampu rambu-rambu

                 lalu lintas.


                        Pak Agung. Satuhune bleger priyayi

                 kang resik apik. Prandene ditampik,


                 dicuthik-cuthik. Ditampik, dicuthik-cu-

                 thik merga krenahe wong urik. Ngre-


                 ka-reka  panduga ngeres-ngeresi ati.

                 Luwih-luwih saka  lawan pulitike. Jer


                  piyambake anggota dewan. 'Jaman

                 tuwa. Jamane wong Pinter keblinger,

                  pintere kanggo  minteri. Wong bodho


                  dikono-kono dening kabar-kabur saka

                  medsos. Bener digawe salah. Salah

                  digawe bener. Haryadi bingung. Banjur


                  arep tumindak apa dheweke? (Cuthel)
   1   2   3