Page 3 - LKPD Aksara Jawa Reni Anggraeni_Kelas C_202000466913
P. 3
AKSARA JAWA
Aksara jawa minangka sawijining tilaran budaya kang ora bisa diukur regane. Wujud aksara
jawa lan seni panggawene uga dadi sawijining tilaran kang pantes dilestarikake. Ora mung ana ing
jawa, aksara jawa iku uga digunakake ing tlatah sunda lan bali. Sanadjan ora ana bedhane nanging
aksara aksara kang digunakake saemper, lumprahe aksara jawa kang disinau iku ana rongpuluh
aksara, ana kang ngarani aksara legena.
Aksara mandaswara yaiku aksara kang mandha-mandha diucapake, ora cetha. Aksara
mandaswara yaiku ya lan wa. Aksara ya jumedhul ing antarane aksara swara i lan a, sarta e lan a.
Dene aksara wa jumedhul ing antarane aksara u lan a, sarta u lan i. Ing tulisan latin pathokane aksara
mandaswara iku katulis ing tembung lingga, dene ng tembung andhahan ora katulis. Tuladha:
Tembung lingga
Tembung Katulis
Gua Guwa
Dhuit Dhuwit
Guak Guwak
Tua Tuwa
Tembung andhahan
Tembung Ora kena katulis
Gawea Gaweya
Mlakua Mlakuwa
Renea Reneya
Balia Baliya
Aksara mandaswara ing aksara Jawa panulisane sanajan ora ana aksara wa bisa katulis nganggo wa.
Utawa katulis minangka malihane panambang -a.
Tuladha
Tembung Katulis
Tukua
gawea
Renea
Balia
AKSARA JAWA LEGENA
Keterangan :

