Page 2 - anak polah bapa kepradah
P. 2
Bapak Polah Anak Kepradhah
Dening : Anjrah L. B.
“Pak, njenengan ki apa ora nyebut? Mungsuh Mas Hadi kuwi kaya timun
mungsuh dhuren, Pak!” meh sewulan kepungkur, nalika Ali manek-manekake
ngudari apa kang mbruwet ing sirahe menyang bapake. ...
Kelincipen. Meh wae ukara iku mlumpat saka lambene ali. Ning nyawang raine
bapake sing semangat makantar-kantar, Ali ora mentala. Mantan lurah sing
dikojahake bapake mau pancen wong sugih mblegedhu, sawahe pirang-pirang
hektar, sapine kang diparon-paronke mblasah neng ngendi-endi. Malah mantan
lurah kidul kali kuwi duwe anak - duwe mantu pegawe bank. Nyendhal dhuwit
satus rong atus yuta paribasane suwe mijet wohing ranti. Sinambi watuk-dhehem
sethithik akeh caire.
Ora nyilikake bapake kang mung jejer bayan lan ngramut sawah warisan sak
ilat, nanging mbok iya bapake iki nggunakake nalare kanthi wening. Jer basuki
mawa bea jarene. Ing jaman kebak pitukon kaya saiki, apa kang ora kudu dituku
dhisik sadurunge diduweni. Pengin dadi PNS wae kudu tuku. Pengin dadi artis ya
kudu tuku. Pengin dadi perangkat desa saiki ya kudu tuku. Apa maneh dadi lurah ?
Apa maneh caleg ? Ali asring maca neng koran-koran yen caleg kuwi kudu sangu
rekomendhasi saka partai. Kamangka rekomendhasi kuwi isine mudhun yen
disinggek dhisik nganggo dhuwit kang ora sethithik.
" saiki bapake takon, Li, sejatine kowe iki ndhukung karepe bapak tah ora?
Amarga kawit wingi-wingi daksawang kayane kok setengah hati, melu-melu
melekan, ngrukuni tim sukses-e bapak, uga ngrewangi ibu lan wong ing pawon.."
Ali ora gage kumecap. Lambene kaya kinonci gembok waja.lamat-lamat swara
adzan isya' saka masjid wiwit mampir ing kuping. "yen bapak kepenak uripe,
ibumu, kowe lan sedulur-sedulur liyane rak ya melu ngrasakake ta, Li ?
" kula ndherek mawon pak. Namung kula wiwit kraos yen kantun pelajaran
sekolah, gara-gara asring melekan, " saute ali meh ora keprungu. ...

