Page 3 - anak polah bapa kepradah
P. 3

"kayadene paribasan lawas sing saiki kuwalik, yen bapak polah kuwi anake
               ya kudu melu kepradhah. Hahahahah..." guyune bapake ali keprungu kaya gludhug

               ing  mangsa kesanga-kesepuluh.  Rasane keprungu tekan  omahe  mas  Hadi, rivale
               bapake ali kang mung dipisahake dalan. ...


               *******

               Pindha layangan tanpa tali kang kawaga angin menyang ngendi-endi, awake ali
               krasa  entheng.  Ngleyang  pindha  rante sepedha  kurang oli,  balungane  awake  ali

               nyuwara pating kriyet nuduhake nemene kesele. Ali kang nduweni awak ngiyeyet
               kuwi kaya-kaya kari balung karo entut, amarga karamean ing omahe saben wengi.
               Ali  nyelehake  bokonge  sing  tepos  ing  bangku  kelas.  Kelas  isih  sepi  iki  mau

               dheweke  gage  budhal  sekolah  sakdurunge  keri  kaya  wingi  gara-gara  ngrewangi
               ibune nyepakake suguhan kanggo dhayohe bapake sing rina wengi ngleset ing teras
               omahe.


                       Ali  pancen  jan  kesel  sapol-pole.  Wis  karo  tengah  minggu  iki,  dheweke
               kurang  turu  amarga  karepe  bapake.  Bapake  kang  wis  mataun-taun  pinercaya

               pendhudhuk kampunge jejer bayan iku nduweni kareng kang luwih. Karepe bapake
               ali ora kena sinangga entheng kanggone Ali sagotrah. Bapake pengin macung lurah
               jroning pilkades taun iki. Keneng apa ora kena sinangga entheng ? amarga kang
               dadi  mungsuhe  kuwi  lurah  dhongkol  kang  kena  diarani  isih  trahing  kusuma

               rembesing madu. ...
   1   2   3