Page 2 - Materi Geguritan
P. 2
BAHAN AJAR GEGURITAN
A. GEGURITAN
Manut asal-usule tembung, geguritan asale saka tembung gurit kang tegese kidung,
tembang, utawa tulisan kang wujude ukiran utawa tatahan.geguritan uga diarani guritan
yaiku puisi Jawa. Geguritan ora ditembangake, nanging diwaca nganggo wirama, wirasa,
lan wiraga manut surasane.
Geguritan saka tembung lingga ‘gurita’ yaiku owah-owahan saka tembung ‘gerita’.
Dene tembung ‘gerita’ iku saka tembung lingga ‘gita’ kang nduweni teges tembang utawa
syair. Ana uga kang nduweni panemu yen geguritan iku saka tembung lingga ‘gurit’ kang
nduweni teges tulisan. Miturut kamus, geguritan yaiku tembang uran-uran utawa karangan
kang pinathok kayadene tembang, nanging guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane ora
ajeg. Miturut Raminah Baribin (2005) geguritan iku iketaning basa kaya dene syair. Mula
saperangan pawongan ana kang ngarani utawa nyebut syair Jawa gagrag anyar.
Saka maneka teges geguritan ing dhuwur bisa kajupuk dudutane (kesimpulane),
geguritan yaiku wohing kasusastran Jawa anyar awujud syair kang tanpa nganggo
paugeran/pathokan tartamtu (guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu). Geguritan nduweni
titikan, dene titikan geguritan yaiku:
1. Ora kawengku ing pathokan
2. Dudu basa padinan
3. Migunakake tembung-tembung kang pinilih
4. Cacahe larikan ora katemtokake
5. Isine mentes
6. Arang-arang nggunakake tembung-tembung pangiket
B. SRUKTUR GEGURITAN
Geguritan uga nduweni struktur. Kang diarani struktur geguritan yaiku kahanan apa
wae kang bisa dideleng utawa digoleki ing tembung-tembung kang rinakit ana sajroning
geguritan. Dene kang klebu struktur geguritan yaiku :
1. Pinilihing tembung/ diksi

