Page 3 - Materi Geguritan
P. 3
Tembung ing geguritan biasane duwe teges konotatif, asipat polisemi, lan nnduweni
teges abstrak
2. Majas
Majas utawa gaya bahasa ing basa Jawa diarani lelewaning basa kkang bisa nambahi
grengsenge geguritan
Majas utawa gaya bahasa ing basa Jawa diarani lelewaning basa kkang bisa nambahi
grengsenge geguritan
Jenis-jenis lelewaning bas
a. Asimilasi yaiku luluhing utawa sudaning pakecapan (garban = sandhi).
Tuladha
Jaya + ing = jayeng
Nara +pati = narpati
Maha+asri =mahasri
Prapta+ing =prapteng
b. Metafora yaiku unen – unen nganggo pepindhan (diupamakake).
Tuladha
R. Setyaki sapukuwating praja Dwarawati.
Rr. Anggun dadi kembanging desa in sidomukti
Arjuno punika lelancuring jagad
Angluberna samudraning pangaksami
c. Alegori yaiku metafora kang ditulis nganggo ukara dawa banget. metafora ingkang
dipunjlentrehaken ngangge ukara kang radi panjang lan ugi saged lambang,
Tuladha:
Gesangipun manungsa punika palwa upaminipun, dipun ombang –ambingaken
alun ing samudra, katempuh ing sindhung Ali wawar. Yen boten wegig juru
mudhinipun tuwin boten waspada, saged kelem pun baita utawa sumyur ing
padhas karang.
Rukun agawe sentosa, crah agawe bubrah, manawi kadamel alegori makate
sapu yen disuhi gebangane kuwatane nggumunake. Nanging yen diudhari sarta
sadane wis manut gampang banget coklek-coklekane ingkang lambing,
d. Personifikasi yaiku pepindhan janma ( Manungsa )
Tuladha
Sumpahe disekseni bumi langit.
Bengawan Solo lakune ngalor menggak – menggok nrajang gunung Kendheng.
Gunung Merapi yen gelem watuk nggegirisi.
e. Metonimia yaiku lira – lirune jeneng.

