Page 6 - Materi Geguritan
P. 6
E. NULIS GEGURITAN
Nulis geguritan menika salahsatunggaling katrampilan ingkang kedahipun dipungadahi dening
para siswa, nyerat geguritan menika benten kadosta nyerat seratan ing padhatanipun, ananging
nyerat geguritan menika nyerat kang endah, wondene cara kangge nyerat geguritan menika cak
cakainipun:
1. Nemtokake tema,
2. Milih tetembungan kang mentes
3. Endah lan cekak,
4. Menehi irah-iarahan kang junbuh karo isine geguritan
F. MACA GEGURITAN
Geguritan bisa kanggo medharake utawa ngandharake isine ati lan aweh piwulang,
pepeling, sarta pitutur marang wong sing maca. Sawijining geguritan bakal luwih gampang
olehe nggoleki amanat utawa piwulang kang ana sajroning geguritan kanthi cara
diparafrasekake luwih dhisik. Parafrase geguritan tegese proses owah-owahan saka wujud
geguritan didadekake wujud gancaran utawa paragraf, kanthi ancas supaya maknane/tegese
geguritan luwih cetha lan gamblang.
Geguritan iku bisa dirasakake kanthi maca utawa ngrungokake, satemah bisa:
1. Nemokake pesen (amanat/piwulang) kang kamot ing sajroning geguritan,
2. Nemtokake sebab kang ndadekake endahing geguritan,
3. Gawe gambaran tumrap geguritan kang diwaca utawa dirungokake.
Kanggo ngelingake maneh apa wae sing kudu digatekake nalika maca geguritan, ing ngisor
iki perangan-perangan sing kudu disemak lan
diugemi,yaiku:
1. Wirama (irama/lagu)
Irama kudu digatekake nalika maca geguritan, umpamane banter, alon, cetha utawa
samar, lan sapanunggalane. Nalika maca geguritan sing surasane semangat kudu

