Page 7 - Materi Geguritan
P. 7
nyuwara sora, beda nalika maca geguritan sing surasane ngemu kasusahan, kudu
alon, alus, lan melas.
2. Wirasa (rasaning swasana ati)
Surasane utawa isine geguritan kudu dimangerteni tegese utawa karepe. Nuli
anggone maca ngetrepake utawa nyelarasake karo isining geguritan, yaiku susah,
seneng,wibawa, getun, nesu lan sapanunggalane.
3. Wiraga (obahing awak)
Obahing awak yaiku aja kaku, luwes wae, mlaku uga prayoga, ngobahake
peranganing awak kanggo mbangun swasana. Pasemon, praenan kudu selaras karo
isining geguritan nanging aja banget-banget.
4. Wicara (pocapan)
Pocapan sing cetha nalika ngucapake aksara swara, wanda, lan tembung.
G. NEMTOKAKE ISI GEGURITAN
Bab-bab kang kudu digatekake Manawa nemtokake isine sarta piwulang ing jero geguritan.
1. maca geguritan bola-bali
2. pamacane geguritan kudu urut sapada-pada
3. nemtokake gagasan kang kinandhut ing saben pada
4. nyawijekake gagasan ing saben pada kanggo nemtokake gagasan geuritan supaya dadi
wutuh.
H. TULADHA GEGURITAN
DINGAPURA, BAPA
Dening Gunadi Aryo
Dingapura Bapa
Esuk iki manuke bapa da-culake
Mabur saparan-paran
Dhek wingi katon nglentruk tanpa daya
Arep matur Bapa wis ngantor
Ngendikane Ibu Bapa lembur
Aku wis turu nalika Bapa kondur

