Page 5 - Materi Geguritan
P. 5
Bab kanga rep diwedharake dening panganggit geguritan marang pamaos geguritan,
amanat bisa tarwaca, uga bisa sinandi ana ing pangrakiting geguritan
D. NGGANCARAKE GEGURITAN
Nggancarake geguritan kudu mangerteni luwih dhisik tegese saben tembung ing
geguritan Sawise ngerti tegese kabeh tembung, kita bisa ngrakit tembung-tembung mau
dadi gancaran. Gancaran kuwi ing basa Indonesia diarani prosa. Nggancarake ateges
ngowahi tembang utawi geguritan dadi gancaran (prosa). Dadi nggancarake padha karo
"memprosakan" utawa tembunge liya "memparafrase". Sadurunge gawe gancaran kudu
mangerteni cara-carane ngancarake. Cara nggancarake geguritan:
1. Ukara-ukarane tembang utawa geguritan kang mawa tembung baliswara
kud diudhari, dhapukane ukara kawolak-walik.
2. Menawa ana tembung kawi (tembung Jawa kuna) kudu diowahi dadi
tembung Jawa anyar kang lumrah dianggo utawa dirungokake sabendinane.
3. Menawa ana tembung garba (tembung sandi) kudu diudhari.
4. Kanggo nglarasake ukara supaya ora kaku bisa mbuwang utawa ngilangi
tembung sawetara. Mangkana uga tumrap ater-ater lan panambang.
5. Pada/bait kang sakawit wujud bait-bait, kaewahana dadi paragraf kanthi
ejaan kang bener.
6. Nggatekake titik, koma, tandha pitakon, tandha prentah,
lan sapanunggalane.
Tuladhane :
Getih-getih abang ngatirah
tumetes sajroning lemah
dhadha jangga tinembus mimis
bangke gumlethak ngagandha amis
(Katon) getih( kang warna) abang (kaya godhong) ngatirah (kang) tumetes
(ing) sajroning lemah (negara Indonesia). (Ing prastawa iki) dhadha (lan)
gulune (para pejuang) kang tinembus bedhile (para serdhadhune penjajah.)
(Katon) bangke (para pejuang) glumethak (ing lemah). (bangke-bangke ing
ngetokake) ganda amis (ngambar ing angkasa)

