Page 50 - Materi Geguritan
P. 50

Ing pangentha

                          Byar padhang gagat rahina

                          Manuke bapa bali ngoceh
                          Ngancani aku mapag srengenge

                          Ngipatake tindak nistha kang remeh


                          Eklasna


                          Eklasna aku lunga biyung

                          sanadyan ing ndhuwur langite katon mendhung
                          eklasna aku lunga bapa

                          lungaku sangu ati lapis waja

                          ora perlu panjenengan galih
                          ing paran aku ora bakal mati amarga ngelih

                          mumpung isih esuk
                          kanthi pangestu kang matumpuk-tumpuk

                          gunung lawu lan semeru mung katon sapunthuk
                          kabeh bakal taklangkahi

                          sanadyan kudu nasak bebondhotan eri

                          aku lunga perlu makarya
                          ora mung angon kebo ing ara-ara

                          sanadyan aku ngerti

                          golek gawean angel yen tanpa koneksi
                          lan kudu nganggo gambar Jendral Sudirman sakethi

                          sugeng enjing bapa biyungku
                          sugeng enjing desaku

                          kang tansah kinemulan langit biru
                          eklasna liya dina isih bisa ketemu
   45   46   47   48   49   50   51   52   53   54   55