Page 49 - Materi Geguritan
P. 49

3.  nemtokake gagasan kang kinandhut ing saben pada

                           4.  nyawijekake gagasan ing saben pada kanggo nemtokake gagasan geuritan supaya

                              dadi wutuh.
                      H.  TULADHA GEGURITAN

                          DINGAPURA, BAPA

                          Dening Gunadi Aryo


                          Dingapura Bapa
                          Esuk iki manuke bapa da-culake

                          Mabur saparan-paran
                          Dhek wingi katon nglentruk tanpa daya

                          Arep matur Bapa wis ngantor

                          Ngendikane Ibu Bapa lembur
                          Aku wis turu nalika Bapa kondur


                          Bapa

                          Wingi ana kutilang lan trocokan
                          Ngoceh ing cedhak kurungan

                          Dheweke crita

                          Bab endahe nuswantara
                          Kang bakal tidhem amem tanpa ocehing kukila

                          Kummel kucem merga surya cidra

                          Bab garudha kang sengkleh swiwine
                          Pucet tanpa ludira

                          Merga manungsa kang srakah lan
                          Seneng ngumbar nistha

                          Atiku trenyuh
                          Weruh manuke bapa lemes

                          Nelangsa lan tanpa daya

                          Jroning kunjara


                          Dingapura Bapa
                          Esuk iki manuke bapa dak-culake

                          Mabur saparan-paran
   44   45   46   47   48   49   50   51   52   53   54