Page 47 - Materi Geguritan
P. 47

2.  Menawa  ana  tembung  kawi  (tembung  Jawa  kuna)  kudu  diowahi  dadi

                                        tembung  Jawa  anyar  kang  lumrah  dianggo  utawa  dirungokake

                                        sabendinane.
                                     3.  Menawa ana tembung garba (tembung sandi) kudu diudhari.

                                     4.  Kanggo nglarasake ukara supaya ora kaku bisa mbuwang utawa ngilangi

                                            tembung sawetara. Mangkana uga tumrap ater-ater lan panambang.
                                     5.  Pada/bait kang sakawit wujud bait-bait, kaewahana dadi paragraf kanthi

                                            ejaan kang bener.
                                     6.  Nggatekake    titik,   koma,   tandha    pitakon,   tandha   prentah,

                                            lan sapanunggalane.


                    Tuladhane :

                       Getih-getih abang ngatirah
                      tumetes sajroning lemah
                      dhadha jangga tinembus mimis

                      bangke gumlethak ngagandha amis






                         (Katon) getih( kang warna) abang (kaya godhong) ngatirah (kang) tumetes

                         (ing) sajroning lemah (negara Indonesia). (Ing prastawa iki) dhadha (lan)
                         gulune (para pejuang) kang tinembus bedhile (para serdhadhune penjajah.)

                         (Katon) bangke (para pejuang) glumethak (ing lemah). (bangke-bangke ing
                         ngetokake) ganda amis (ngambar ing angkasa)


                      E.  NULIS GEGURITAN

                          Nulis geguritan menika salahsatunggaling katrampilan ingkang kedahipun dipungadahi
                          dening  para  siswa,  nyerat  geguritan  menika  benten  kadosta  nyerat  seratan  ing

                          padhatanipun,  ananging  nyerat  geguritan  menika  nyerat  kang  endah,  wondene  cara
                          kangge nyerat geguritan menika cak cakainipun:



                           1.   Nemtokake tema,
                           2.   Milih tetembungan kang mentes

                           3.   Endah lan cekak,
                           4.  Menehi irah-iarahan kang junbuh karo isine geguritan
   42   43   44   45   46   47   48   49   50   51   52