Page 45 - Materi Geguritan
P. 45
Majas utawa gaya bahasa ing basa Jawa diarani lelewaning basa kkang bisa nambahi
grengsenge geguritan
Majas utawa gaya bahasa ing basa Jawa diarani lelewaning basa kkang bisa nambahi
grengsenge geguritan
Jenis-jenis lelewaning bas
a. Asimilasi yaiku luluhing utawa sudaning pakecapan (garban = sandhi).
Tuladha
Jaya + ing = jayeng
Nara +pati = narpati
Maha+asri =mahasri
Prapta+ing =prapteng
b. Metafora yaiku unen – unen nganggo pepindhan (diupamakake).
Tuladha
R. Setyaki sapukuwating praja Dwarawati.
Rr. Anggun dadi kembanging desa in sidomukti
Arjuno punika lelancuring jagad
Angluberna samudraning pangaksami
c. Alegori yaiku metafora kang ditulis nganggo ukara dawa banget. metafora ingkang
dipunjlentrehaken ngangge ukara kang radi panjang lan ugi saged lambang,
Tuladha:
Gesangipun manungsa punika palwa upaminipun, dipun ombang –
ambingaken alun ing samudra, katempuh ing sindhung Ali wawar. Yen boten
wegig juru mudhinipun tuwin boten waspada, saged kelem pun baita utawa
sumyur ing padhas karang.
Rukun agawe sentosa, crah agawe bubrah, manawi kadamel alegori makate
sapu yen disuhi gebangane kuwatane nggumunake. Nanging yen diudhari
sarta sadane wis manut gampang banget coklek-coklekane ingkang lambing,
d. Personifikasi yaiku pepindhan janma ( Manungsa )
Tuladha
Sumpahe disekseni bumi langit.
Bengawan Solo lakune ngalor menggak – menggok nrajang gunung
Kendheng.
Gunung Merapi yen gelem watuk nggegirisi.
e. Metonimia yaiku lira – lirune jeneng.
Tuladha
Le, aku tukokna gudang garam.
Nduk amu tukokno jarum isi rolas
Wingi ana Ramayana tubrukan karo Arjuna
Apik Nasional tinimbang Sanyo
f. Hiperbola yaiku pepindhan sing kliwat
Tuladha
Swarane kaya bledheg.

