Page 46 - Materi Geguritan
P. 46
Surake kaya mbelah – mbelahna bumi.
Lakune kaya kilat.
Mlayune koyo gajahPanase koyo mletekne sirah
3. Rima
Rima utawa sajak utawa persamaan bunyi kanggo nyiptakakekaendahan lan
kekuwatan saawijing geguritan
4. Tiprografi
Larik-larik utawa gatraning geguritan kang tinulis mawa pada utawa bait.
C. UNSUR GEGURITAN
Geguritan uga nduweni unsur. Unsur kang kinandhut sajroning geguritan yaiku :
1. Tema
Tuladhane tema geguritan : sosial, moral agama, lan kepahlawanan
2. rasa pangrasa
Tembung ing geguritan bisa kanggo nitisake rasa pangrasa. Tembung-tembung iku
diarani gaya bahasa utawalelewaning basa. Tuladhane : sedhih, seneng, kangen,
gumun, lan simpati.
3. Nada utawa lagu
Tegese patrap kang digunakake ana ing sajroning geguritan.Tuladhane : ngguroni,
nuturi, ngenyek, muji, utawa nyemoni.
4. Swasana
Tegese kahanan batin utawa jiwa pamaos sawise maca geguritan. Geguritan
nduweni tujuan kanggo mbangun swasana batin pamaos geguritan.
5. Amanat utawa Pitutur Luhur
Bab kanga rep diwedharake dening panganggit geguritan marang pamaos geguritan,
amanat bisa tarwaca, uga bisa sinandi ana ing pangrakiting geguritan
D. NGGANCARAKE GEGURITAN
Nggancarake geguritan kudu mangerteni luwih dhisik tegese saben tembung ing
geguritan Sawise ngerti tegese kabeh tembung, kita bisa ngrakit tembung-tembung mau
dadi gancaran. Gancaran kuwi ing basa Indonesia diarani prosa. Nggancarake ateges
ngowahi tembang utawi geguritan dadi gancaran (prosa). Dadi nggancarake padha karo
"memprosakan" utawa tembunge liya "memparafrase". Sadurunge gawe gancaran kudu
mangerteni cara-carane ngancarake. Cara nggancarake geguritan:
1. Ukara-ukarane tembang utawa geguritan kang mawa tembung baliswara
kud diudhari, dhapukane ukara kawolak-walik.

