Page 8 - Materi Geguritan
P. 8
Bapa
Wingi ana kutilang lan trocokan
Ngoceh ing cedhak kurungan
Dheweke crita
Bab endahe nuswantara
Kang bakal tidhem amem tanpa ocehing kukila
Kummel kucem merga surya cidra
Bab garudha kang sengkleh swiwine
Pucet tanpa ludira
Merga manungsa kang srakah lan
Seneng ngumbar nistha
Atiku trenyuh
Weruh manuke bapa lemes
Nelangsa lan tanpa daya
Jroning kunjara
Dingapura Bapa
Esuk iki manuke bapa dak-culake
Mabur saparan-paran
Ing pangentha
Byar padhang gagat rahina
Manuke bapa bali ngoceh
Ngancani aku mapag srengenge
Ngipatake tindak nistha kang remeh
Eklasna
Eklasna aku lunga biyung
sanadyan ing ndhuwur langite katon mendhung
eklasna aku lunga bapa
lungaku sangu ati lapis waja

