Page 44 - Materi Geguritan
P. 44
D. Uraian Materi
A. GEGURITAN
Manut asal-usule tembung, geguritan asale saka tembung gurit kang tegese kidung,
tembang, utawa tulisan kang wujude ukiran utawa tatahan.geguritan uga diarani guritan
yaiku puisi Jawa. Geguritan ora ditembangake, nanging diwaca nganggo wirama, wirasa,
lan wiraga manut surasane.
Geguritan saka tembung lingga ‘gurita’ yaiku owah-owahan saka tembung
‘gerita’. Dene tembung ‘gerita’ iku saka tembung lingga ‘gita’ kang nduweni teges
tembang utawa syair. Ana uga kang nduweni panemu yen geguritan iku saka tembung
lingga ‘gurit’ kang nduweni teges tulisan. Miturut kamus, geguritan yaiku tembang
uran-uran utawa karangan kang pinathok kayadene tembang, nanging guru gatra, guru
lagu, lan guru wilangane ora ajeg. Miturut Raminah Baribin (2005) geguritan iku
iketaning basa kaya dene syair. Mula saperangan pawongan ana kang ngarani utawa
nyebut syair Jawa gagrag anyar.
Saka maneka teges geguritan ing dhuwur bisa kajupuk dudutane (kesimpulane),
geguritan yaiku wohing kasusastran Jawa anyar awujud syair kang tanpa nganggo
paugeran/pathokan tartamtu (guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu). Geguritan
nduweni titikan, dene titikan geguritan yaiku:
1. Ora kawengku ing pathokan
2. Dudu basa padinan
3. Migunakake tembung-tembung kang pinilih
4. Cacahe larikan ora katemtokake
5. Isine mentes
6. Arang-arang nggunakake tembung-tembung pangiket
B. SRUKTUR GEGURITAN
Geguritan uga nduweni struktur. Kang diarani struktur geguritan yaiku kahanan
apa wae kang bisa dideleng utawa digoleki ing tembung-tembung kang rinakit ana
sajroning geguritan. Dene kang klebu struktur geguritan yaiku :
1. Pinilihing tembung/ diksi
Tembung ing geguritan biasane duwe teges konotatif, asipat polisemi, lan nnduweni
teges abstrak
2. Majas

